SEGERA PPDB TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021 SMP ISLAM YOGYAKARTA

"IMAN ILMU AMAL TRAMPIL MANDIRI"

Jumat, 30 Juni 2017

IKRAR SYAWALAN DAN HALAL BI HALAL BAHASA JAWA

بِسْمِ اللهِ الرّحْمَنِ الرَّحِيْمِ

اَشْهَدُ اَنْ لآَاِلَهَ اِلَّااللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
يَااَخْوَانِى اِسْفَاحُوْنِى اَسْفَاحُوْلَكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ, تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تَقَبَّلَ يَاكَرِيْمِ


Kepareng matur dumateng ngarsanipun pepundhen sepuh ugi ingkang dipun sepuhaken lan kaprenah sepuh, kulo ngaturaken sungkem pangabektos. 

Dumateng bapak-bapak ibu-ibu ugi sesami-sami, kulo ngaturaken salam ta’lim.
Dumateng ingkang kaprenah anem, ngaturaken sugeng riyadi ‘idil fitri.

Saklajengipun ngaturaken sedoyo kalepatan kulo ingkang kasengaja lan mboten kasengojo lahir batos nyuwun pangapunten. Kosok wangsulipun mbok bilih panjenengan sedoyo kagungan kalepatan ingkang tumandhuk dateng kulo, kulo ugi caos pangapunten.

Lan mbok bilih wonten hak adam utawi hak milik saking arah menopo kemawon ingkang dereng halal, kulo nyuwun halal ipun lan mugi-mugi ibadah kulo sedoyo dipun tampi ngarso dalem Allah SWT. 
Amin ya rabbal ‘alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Entri Populer (Top Ten)

Reguler dan Boarding - Jogja Islamic School